NGAMEN 2
Mak iki anak mu ganteng
Wiwit cilik ono ing perantoan
Melu ngrewangi neng kantin sekolahan
Telung sasi mak aku urung bayaran
Mak dongamu mandi tenan
Diijabahi marang gusti pangeran
Koyo ngene rasane wong ora ndue
Ndue pisan di ejek karo kancane
Eling_eling menungso bakale mati
Yen wis mati di kubur sanak family
Di pendem jero di apit bumi
Ono kubur iku akeh pendoso
Ula klabang kalajengking podo moro
Ono setan membho2 dadi prawan
Ben o ra krasa ning ono kuburan
Neng akhirat ora ono motor lewat
Neng akhirat ora ono sego berkat
Neng akhirat ora ono mejo biliard
Ono ne ghadhahe malaikat
Sak sugih2e uwong mesti ono mlarate
Sak mlarat2e uwong mesti ono celengane
Makane golek bojo ojo mandhang rupo
Rupo elek kuwi ora dadi ngopo
Makane golek bojo ojo mandhang bondho
Seng penting......... ora ngenteni warisan mertuo
Kowe pancen ayu le koyo bekas pacarku mbiyen
Eman2 tenan ayu mu cuman kanggo obralan
Ngobral2 janji le durung mesti urip mu mulyo
Mulo aku wis kondo melu paku urip neng ndeso
Ngrewangi nggawe boto menek klopo ceblok bongko
0 comments:
Post a Comment